Selasa, 11 April 2017

Isi Ramalan Joyoboyo

 OK semuanya yang pengen tau isi tentang ramalan Joyoboyo beserta artinya biar mudah andasemua pahami. [silahkan share tapi cantumin blog ane] 



1 Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2 Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
3 Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
4 Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
5 Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
6 Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
7 Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
8 Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
9 Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
10 Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
11 Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
12 Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
13 keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
14 Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
15 Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
16 Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
17 Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
18 Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
19 Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
20 Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
21 Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
22 Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
23 Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
24 Nantang bapa--- Menantang ayah.
25 Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
26 Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
27 Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
28 Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
29 Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
30 Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
31 Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
32 Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
33 Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
34 Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
35 Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
36 Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
37 Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
38 Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
39 Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
40 Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41 Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
42 Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
43 Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
44 Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
45 Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
46 Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
47 Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
48 Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
49 Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
50 Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
51 Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
52 Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
53 Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
54 Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
55 Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
56 Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
57 Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
58 Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
59 Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
60 Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
61 Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
62 Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
63 Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
64 Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
65 Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
66 Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
67 Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
68 Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
69 Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
70 Akeh laknat--- Banyak kutukan
71 Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
72 Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
73 Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
74 Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
75 Guru disatru---Guru dimusuhi.
76 Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
77 Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
78 Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
79 Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
80 Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
81 Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
82 Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
83 Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
84 Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
85 Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
86 Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
87 Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
88 Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
89 Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
90 Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
91 Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
92 Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
93 Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
94 Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
95 Akeh barang haram---Banyak barang haram.
96 Akeh anak haram---Banyak anak haram.
97 Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
98 Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
99 Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
100 Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
101 Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
102 Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
103 Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
104 Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
105 Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
106 Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
107 Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
108 Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
109 Sing wedi mati---Yang takut mati.
110 Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
111 Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
112 Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
113 Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
114 Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
115 Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
116 Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
117 Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
118 Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
119 Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
120 Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
121 Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
122 Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
123 Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
124 Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
125 Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
126 Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
127 Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
128 Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
129 Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
130 Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
131 Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
132 Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
133 Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
134 Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
135 Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
136 Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
137 Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
138 Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
139 Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
140 Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
141 Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
142 Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
143 Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
144 Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
145 Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
146 Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
147 Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
148 Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
149 Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
150 Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
151 Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
152 Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
153 Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
154 Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
155 Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
156 Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
157 Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
158 Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
159 Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
160 Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
161 Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
162 Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
163 Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
164 Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
165 Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
166 Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
167 Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
168 Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
169 Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
170 Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
171 Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
172 Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
173 Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
174 Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
175 Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
176 Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
177 Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
178 Agama ditantang---Agama ditantang.
179 Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
180 Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
181 Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
182 Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
183 Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
184 Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
185 Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
186 Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
187 Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
188 Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
189 Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
190 Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
191 Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
192 Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
193 Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
194 Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
195 Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
196 Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
197 Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
198 Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
199 Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
200 Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
201 Buruh mangluh---Buruh menangis.
202 Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
203 Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
204 Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
205 Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
206 Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
207 Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
208 Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
209 Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
210 Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
211 Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
212 Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
213 Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
214 Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
215 Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
216 Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman



Silakan share tapi ikutin nama blog ane ok gan!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar